Jumat, 08 April 2011

I LOVE NGAPAK, I LOVE BANYUMAS

Sore-sore wayahe jam bali ngode, jam bali bocah sekolah pada les,jam bocah nom lagi pada bojoan numpak motor turut dalan,jan lagi rame-ramene, apa maning terang sore.
Tapi neng uteke kue wong pada, ijig-ijig kemutan, "oh iya,mengko bengi ana Kenthongan!!", langsung pada gipyak bali kabeh. Kesusu pada ngebut baline,,sing bojoan bubaran dipit, bali adus, bar maghrib mangkat maning. Sing tua be ngasi kelalen ngedusi anake, apa maning bojone,,anu gara-gara apa? ya gara-gara Kenthongan,
Acara tanggap warsone Kabupaten Banyumas, cara gaule ya Hari jadi utawane Hari Ulang Tahun Kabupaten Banyumas. Jan wong sekang ndi bae, sekang lor, daerah Kemutug, Limpakuwus, Kedung Banteng. Sekang kidul, Kemranjen, Sumpyuh, Jatilawang , Wangon, mangkat kabeh ming kota. Urung ketambahan sekang tangga kabupaten. Pada numpak trek, numpak pik ap, pada sangu koran nggo gelaran neng pinggir dalan ndeleng egat-egot pemain kenthongane. Karo ramane, biyunge, kaki ninine.
Lah nek sing bujang lah nonton kenthongan nyambi nonton sing nonton, ndeleng wadonan, karo nyuraki mayoret tok gaweane.
Sedalan-dalane rute, isine wong tok. debela-belani nonton ngasi tengah wengi. Guyub rukun banget pasedulurane. ya wong sugih, sekang pengusaha, juragan tempe, ngasi tukang nderes sing sangune mbako lintingan sing ambune mbusleng banget, dadi siji nggabung nonton kenthongan.
Jan ana-ana bae polaeh wong Banyumas.
Kaya nyong sing asli Banyumas, ngajog banget yakin ngasi ra nonton wengi kiye.
Urip neng kotane wong, nggolet ngelmu, kepaksane ra teyeng bali. Jan-jane ya pengen bali, wis di-sms batire rep nonton apa ora.
wis kepriwe maning lah,,nyong kur teyeng ngucapna Sugeng Tanggap Warso kangge Kabupaten Banyumas sing ke-429 nek ora salah.
Muga-muga tambah maju, ora kur pembangunane tok, tapi ya sumber daya manusiane.
Insya Alloh nek nyong deweih kesempatan, nyong juga pengen mbangun, urun tenaga pikiran nggo pembangunane tanah kelairane nyong,,
Uga kebudayaane Banyumas, ora ketang kur ngomong ngapak, mengko tek warahna maring anak putune nyong, men bahasa tradisional khas Banyumas ora pudar apa maning punah.
I LOVE NGAPAK, I LOVE BANYUMAS

3 komentar:

  1. ahahaaa
    akeh bahasa sing mikine nyong ra ngerti pap
    ujarku ajibarang luwih ndesa kang tambaksari

    BalasHapus
  2. mena: wkwkwkwk,,sing wong ngapak be ngakak,,apa maning sing udu
    tyas: anu basa ngapak ke luas yas,,aben dusun due kosakata dewek,,wkwk

    BalasHapus