Senin, 15 Agustus 2011

Info Kos Kosan Jogja (bahasa ngapak)

Berhubung atine nyong lagi ra karu karuan, kayan kayane enake ngapakan baen, itung2 ora jaim nek nyong wong ngapak.
Kaya kiye sedulur, nyong arep crita dina kejadian apes sing tembe tek alami pas dina minggu tgl 14 agustus karo senen 15 agustus.
Sisan nggo info kos kosan neng jogja.
Selawas lawase nyong ambekan 21 taun kiye, tembe tau nyong diomeih wong sedasyat kiye..
Gara garane kos kosane nyong wis entek tanggal 13 Agustus jere mbah mbah sing due kosan, tapi neng kwitansi pembayaran sing digawe anake enteke tanggal 20 Agustus, ya nyong sante sante bae ya?
Jarku ya langka masalah, ndilalahe nyong wis rampungan arep ra ngekos maning.
Ijig ijig nyong deparani neng mbaeh, jere kosku entek tgl 13 dina setu, lah nyong tgl 18 dina jemuah arep wisuda, ya mbok tanggung banget ya?
ehh malah nyong kon bayar 150 ewu nggo biaya 5 dina lewihe,
trus nyong ngomong ya mengko ngenteni wong tuaku teka dina jemuah.
Pikirku timbangane mbayar, kamarku tek kekesi bae, barang barange tek titipna neng kamare kancaku, aku turune nunut kanca kosku.
Dina minggu wengi barang2ku tek pindahi, ngesuke dina senen kuncine tek balekna maring bojone mbaeh.
Eeeeeh wengine duite ditagih, jerene nyong ra menepati janji.
Ndilalaeh mbaeh mlebu kamarku sing wis tek kekesi, nah neng kamarku kue ana gravitine, polah polaeh kancaku detulisi tulisan "Pep" nganggo pilok ireng.
Mbaeh emosi, nyong diomeih entek entekan!!!
jere nyong ra menepati janji arep manggon tekan jemuah (padune dadi ra olih duit), trus deweke kesuh mergane kamare dicoret coret nganggo pilok..
Nyong kon ngresiki, ngecet temboke nganti resik.
Mending si ngecet sing dicorreti tok, eeeh malah kon ngecet sekamar kamare..
Nek ra gelem ngecet nyong kudu mbayar 350 ewu wektu kue juga!!
Nek ora nyong arep ditempilingi neng mbaeh karo anake!!
Nyong arep dihajar!!!
Nembe tau nyong diancem karo dipalaki, seumur umur ramane nyong be ra tau sepisan pisana nggentak nyong.
Kaya ngapa rasane jal? ya mungkin nyong salah nek ngoret oret kamar (jane sing ngoret oret kancaku), tapi ya apa enggane langka cara sing lewih apik nggo ngrampungi masalah???
nganti nyong arep diantemi,,Masya Alloh banget...
Enggane ana bae wong sing wateke kaya kue,,
Langka maklum maklume acan, jarku ya wong jogja sing terkenale lemah lembut.
Untung bae lagi wulan puasa, nyong iklas kelangan duit 350, ora tek laporna polisi, kasuse wis pemerasan karo pengancaman kue..
Tek dongakna men sadar bae lah, moga moga Gusti Alloh ngampuni, tur kue kabeh dadi pelajaran nggo nyong..
Ya nggo info bae lah, nggo bocah lanang sing arep ngekos neng jogja, aja ngekos neng kosku sing neng JL cempaka (mbuh nomer pira) deresan sleman. pokoke daerah mburi teknik UNY. kose madep ngidul sing ana burjone. wis tek tidokna kaya kue bae.
Ya pancen si kose murah, setaune pas jamanku 1.500.000, mbuh siki pira, kamare 3x3, tapi sing duwe galake pooool, tur apa apa duit. sangat tidak direkomendasikan ngekos neng kono lah.
Nyuwun sewune, bukane nyong arep ngelek elekna kosan kue, tapi apa salaeh berbagi info kosan sing enak karo sing ora nggo wong lia.
Cukup nyong bae sing dadi korban..



3 komentar: