Kamis, 28 Juni 2012

Mendoan

Malang, kotane kue apik, sejuk, adem, apa maning nek bengi-bengi nek ora esuk-esuk, jaaan pokoke enake ya ngringkel neng kasur karo krudungan slimut. Arep adus ngedape pol.
Mergane adem, mulane neng malang kue akeh warung-warung kopi karo SEMJ (susu endog madu jae). Ndean si kaya kuwe, nyong ya ra patiya ngerti, wong anu udu wong ngeneh. Pancen si jos banget kue nek adem-adem nginum kopi nek ra SEMJ. Trus Ana maning ombenan anget jenenge angsle. Nyong ya ngerti angsle pas tembe urip neng malang. Kayan-kayane si rung tau krungu neng purwokerto, neng jogja be kayane langka koh,iya ora si? hehehe...
Rupane angsle kue ana mie wernane ijo, trus ana kembang pacar, roti tawar de siwiri, trus deguyur kuah santen. Rasane legi ledek kaya kae lah, maraih gulu gatel.
Jerene si, ombenan khas Malang kue SEMJ, tapi jarku ya neng ndi-ndi ana, neng purwokerto ya akeh janen, tapi ya manut bae karo wong kene, dari pada benjut.
Terus nek wis ana SEMJ, biasane sandingane neng kene kue tahu petis, tahu de coel bumbu petis, nek ora ya nyigit.
Siki nek nggo nyong pribadi, arep ombenane apa bae, wong anu ilat ngapak njeplak,rasane kue ora maen, ora maher, ora suceng nek sandingane udu mendoan karo cengise cengise mbarang. Pokoke adem-adem medang karo mendoan kuwe surgane pol lah. 
Surga Firdaus pokoken.
Nyong tau lagi tuku gorengan karo medang, trus dopokan karo bakule,
*Bakule nganggo dialek malang (dialek malang nek pas takon mesti mburine disogi vokal "a", nadane kaya wong cina ngomong hayyaaaa,,,)
*Nyong nganggo dialek jogjaan (maklum 3 taun urip neng jogja, teyeng ya setitik tok, nek nganggo basa kebangsaan wedi wong ngeneh pada ora mudeng)

Bakul  :    Sampean arek ndia?? Jawa tengaha??
Nyong :   iyo mbak, kok ngerti? (nyekel wedang jahe neng tangan kiwe, tangan tengen nyekel ote-ote *nek neng ne dewek bakwan)
Bakul  :    Yo ketok mas, Jawa Tengahe ndia??
Nyong :    Aku mbanyumas mbak,,
Bakul  :  Laaah sampean wong mbanyumas? aku ya mbiyen wong kana mas, tapi iki wis 10 taun neng malang melu wong tua. Suwe banget ra maring kana. Aku mbiyen neng pereke pasar manis, bla bla bla..... (dialek campur aduk malang-ngapak ora nggenah)

(Ketemu wong sedaerah rasane kaya ketiban ndaru)

Nyong :     Deneng ra dodol mendoan mba? (ilate langsung plong)
Bakul  :     Ora mas, wedi mbok wong kene ga doyan, sing adol tempene juga ra ana


Waduh, wedi wong-wong ora doyan si kepriwe critane ya,,
Kayane doyan si bakalane doyan, masalaeh ya pancen langka sing gawe neng kene ya kepriwe maning.
Enggane nyong mangan mendoan paling ora sesemester sepisan, kecuali ana kancaku sing bali ndesa nggawa tempene tok, nyong bali purwokerto be mbuh kapan.
Pancen mendoan kue ngangeni banget, agi Kang Dion sing ke eliminasi Indonesian Idol bali be langsung mangan mendoan,,
Pokoke Mendoan kue mahere poool...


Kang dion sing nguja njaluk dieliminasi mergane arep bali pengin mangan mendoan.(lombo ding)


1 komentar: